Pancene yen sesrawungan lan ambal wacana utawa omong-omong nganggo basa krama, kesane kaku, kurang akrab. Nanging piye maneh, dadi wong Jawa pancene kudu ngono. Sanajan wis akrabi kaya ngapa, kita pinangka wong Jawa ora isa uwal (lepas) saka basa krama. Contone manawa ana pasamuwan. Sanajan sakbendinane akrab, jangkar-jangkaran, asring gegojegan lan sembranan, nanging manawa ana pasamuwan, tetep wae awake dhewe kudu ngetrabke basa Jawa krama nalika mbagekke.
Seneng-ora-seneng, kepiyea wae, wong Jawa ora isa ngeculke cul basan-binasan marang sapa wae (sing padha-padha wong Jawa) ana sesrawungan. Yaiku mau minangka wujud peduline wong Jawa marang budaya Jawa kang adhiluhung. Basan-binasan ora kudu sakbendina lan sakenggon-enggon, nanging wong Jawa tetep mesthi isa basa krama lan ngetrabke kanthi bener lan pener. Iku minangka salah sijine wujud nglestarekake budhaya Jawa. (Kang Ramo)
Bumi Jawa, 7 April 2011 ; Tabuh 01:48 WIB
Tidak ada komentar:
Posting Komentar