Senin, 17 September 2012

WANG JAWA NUTUPI KERISE

Pancen wis dadi falsafahe wang Jawa, yen duwe keluwihan, mesthi disidhem. Disimpen. Orta dikatonake marang liyan. Falsafah itu bisa dititik saka panganggone. Nalika wang Jawa nganggo "dines" kejawen, mesthi dilengkapi keris. Nah, keris disengkelitke ana mburi. Ora ana ngarep. 

Mulane menawa wang Jawa ngiomong, "Amargi saking andhaping pawiyatan kula, milanipun kula nyuwun pangapunten.", iku mertandahani menawa dheweke sejatine wang sekolahan. "Mangga mampir gubug kula", biasane diucapke kanggo mitrane supaya gelem mampikr sanajan omahe gedhong magrong-magrong.

Intine, wang Jawa  orang seneng sesongaran mamerke keluwihane. Amarga keluwihan sing dipamerake bakal badar wigar tanpa makna meneh alias blong owong-owong!

***

Jumat, 02 Maret 2012

MENANG TANPA NGASORAKE

Apa ana?
Ana.
Contone?
Nalika menang, ora sah lunjak-lunjak neng ngarepe mungsuh dikalahke. Nalika menang ora sah njoget-njoget neng ngarepi satru sing diasorake. Malah kapara luwih apik menawa sing menang gelem menehi ati karo sing kalah kanthi tembung-tembung sing sipate mbombong. Ngunggul-unggulke marang mungsuh sing lagi wae dikalahake.

Pancen gambaran neng ndhuwur mau kalebu gambaran sing sipate ideal. Paling apik tur ora bakal natoni atine liyan. Kanthi niat sing tulus, kabeh priyayi bisa ajar dadi uwong sing duweni watak lan falsafat kaya kaserat ana ing judul. Menang tanpa ngasorake supaya sing menang lan sing kalah padha-padha nduweni martabat. Sing menang tetep unggul, sing kalah tetep pinunjul. Ora ana sing kelangan rai utawa harga diri. Amarga ana ing tetandhingan apa wae, kalah-menang itu babagan sing biasa.

Menang tanpa ngasorake nggambarake watak adiluhung. Watak sing ora sombong. Watake wong satria kang duweni watak ngajeni mring sesami. Sanajan mungsuh, tetep diajeni supaya kedamaian ing dhuwuring bumi tetep lestari.