Sabtu, 04 Juni 2011

WONG JAWA ORA BISA BASA..., "APA KATA DUNIA?"

Lucu, dadi wong Jawa kok ora bisa basa. Lha yen dadi wong Landa (Belanda), ya pantes wae ora bisa basa Jawa. Amarga nalika lahir ceprot langsung basa Nederland.

Lucu, dadi wong Jawa bingung nalika ditakoni basane "enem" apa? Gandheng "panik" langsung wae njawab: "Gangsal tambah setunggal!"

Wah..., dadi kaco. Mulane, piye-piyea wae, ayo padha ngudi ilmu Jawa, kalebu sinau basa krama, basa kawi, lan sak panunggalane. Supaya awake dhewe dadi wong Jawa ora kebangeten sing "ora nJawa" (sedulur saka Suriname ngarani "ora dunung").

Semene dhisik ya postingane. Sepisan maneh, sanajan urip ana "jaman facebook", wong Jawa kudu bisa basa (krama), basa (sopan santun), dan basa (ngrasa/ngudarasa).


Salam blogger!

Wong Tegalan, 5 Juni 2011

Rabu, 06 April 2011

BASA JAWA LAN BASAN-BINASAN

Pancene yen sesrawungan lan ambal wacana utawa omong-omong nganggo basa krama, kesane kaku, kurang akrab. Nanging piye maneh, dadi wong Jawa pancene kudu ngono. Sanajan wis akrabi kaya ngapa, kita pinangka wong Jawa ora isa uwal (lepas) saka basa krama. Contone  manawa ana pasamuwan. Sanajan sakbendinane akrab, jangkar-jangkaran, asring gegojegan lan sembranan, nanging manawa ana pasamuwan, tetep wae awake dhewe kudu ngetrabke basa Jawa krama nalika mbagekke.

Seneng-ora-seneng, kepiyea wae, wong Jawa ora isa ngeculke cul basan-binasan marang sapa wae (sing padha-padha wong Jawa) ana sesrawungan. Yaiku mau minangka wujud peduline wong Jawa marang budaya Jawa kang adhiluhung. Basan-binasan ora kudu sakbendina lan sakenggon-enggon, nanging wong Jawa tetep mesthi isa basa krama lan ngetrabke kanthi bener lan pener. Iku minangka salah sijine wujud nglestarekake budhaya Jawa. (Kang Ramo)
Bumi Jawa, 7 April 2011 ; Tabuh 01:48 WIB

Minggu, 27 Maret 2011

JAWA BLAKA PENGIN BLAK-BLAKAN

Salam memitran,
Rasah basa-basi,
rasah tedheng aling-aling,
aku sing ngelola blog iki sabanjure arep ngomong (=maksudke nulis) kanthi blak-blakan.

Apa tujuanku? Ora liya ya gur pengin ngomong jujur tanpa banget lelamisane.
Lamis sing keblablasen, kadangkala malah njurus menyang dora lan kadurakan.

Matur nuwun sakdurunge kanggo pamaos kabeh.

Salam kenalan,
Rajaka Blaka